Rabu, 10 September 2008

Cubriya


“Ngepal aku kowe, Pak?”

“Wis sakkarepmu yen pancen ra gelem dikandani wong tuwa.”

Pecah maneh kahanan rumah tanggane Pak Rohmad. Isine mung nekem sirah, mumet gara-gara mikirake kebutuhan keluwarga lan rukun ngrembuyunge swasana omah.

“Gusti kang maha adil. Napa niki ingkang dipun wastani ukum karma? Riyin kula maling, riyin kula wantuk kaliyan tiyang sepuh. Napa sakniki paukuman kula? Dhuh gusti paringana daya kagem ngajengi sedaya pitedah panjenengan.”

Garu lan luku wis karengkuh dening sawang-sawang taunan. Anane mung cethuthuten merga ora ngeses rokok kretek ing lathine. Wayah ketiga kanggo Pak Rohmad ora dina sing ngrejekeni. Ditambah maneh, anak lanang sing kerep nglebokake wong wadon ing kamar omahe.

“Pancen bocah saiki wis jan, ngungkuli kewan ya mak?”

“Wis piye maneh pak. Ra kena dikandhani piye maneh,” Saute bojone sing nembe leyeh-leyeh ing ruwang tamu sinambi njingglengi TV.

“Karepku, lamun cilik-cilikan sing penting resmi dhisik. Merga aku wis isin karo tangga-tangga, Mak,” Sambate wong lanang setengah tuwa mau.

“Maksude, Noto arep mbok kawinke pak?”

“la sapa maneh? Ning dina iki awake dhewe rak isih tanggungan kredit sepedha motore, Mak,” Saure Pak Rohmad rada ngoso.

“Mbuh, Pak.”

“Bocahe wis tak omongi indhik-indhik, malah mbandhil nyentak aku. Malah dheweke rumangsa tak pal. Aku kudu piye saiki?”

Bacut anggone caturan. Keprungu swara motor mandheg ing ngarep omah.

“Angger mlebu, Yang,” Kongkone Nata, anak lanange Pak Rohmad sing nyambi njagangke sepedhane.

Mak blusuk, tanpa kepingin ngeti wong tuwa loro sing nembe klekaran ing lawang tengah. Let sedhela Nata uga nututi wong wadon mau mlebu kamare.

“ra betah nek dicara ngene, Pak.”

Sibu mlebu, merga ora betah ngengeti kahanan sing kaya ngono. Nganti saiki Noto kaya ra karepe dhewe. Yen diomongi nyentak-nyentak, lan ora gelem ngrungokake omongane sapa-sapa. Ditambah maneh, wong wadon sing digawa mulih, ngluwihi wong sing paling elek sakampung.

“Nang, aku arep ngomong karo kowe,” Pak Rohmad manekake ngundang anake, sawise ngerteni dheweke padha metu saka kamar. Wong wedok sing ora pati ayu, sing uga kerep diundang Sari ora gelem mandheg. Sari grusa-grusu metu karo mbenakake klambine sing pating probot ngalor ngidul.

“Wis mengko wae, Pak. Aku ape ngeterna mulih.”

Tanpa nggubris pasuryane bapakne, Noto gasik nyetarteter motor. Sinaosa wong tuwane undang-undang, nanging tetep wae ora gelem mandheg. Angger anake wayah apel, mesthi ora tau nggawe senenge keluwargane. Sapungkure bocah loro mau mulih, swasana panas kerep ditinggalake ing samadyaning betal kaluwarga.

Kaya ana swara motor mahen. Lagi nyelehake helm, bapakne ngundang.

“Not, lungguh,” Bapakne nuduhake praupan brangasan.

Isine mung manut. Karo ndingklung rawani ngeti pasuryane bapakne.

“Bapak ki wis kesel. Nek kerep mbok gawe susah, kuwat umur pira bapak? Mbok tenggohmu aku ra sepet nyawang klakuwanmu? Raiku arep mbok dokok endi? Aku isin karo tangga-tangga. Ndungu tah ora kupingmu?” tambahe bapakne sing katon murba swasana.

“Wis, Pak. Saiki genten aku sing ngomong. Aku ngerti nek kowe ra seneng karo Sari. Ancen tak jarag. Eling, mbiyen pas aku cedhak karo Ema. Sawise dheweke dimentengi wong liya, omonganmu piye? Aku mbok enyek. Mbok kon luru sing anget. Merga awake dewe ki wong atis, wong kere. Bareng saiki wis entuk wong sugih, genten mbok gethingi,” Karo ngadeg-ngadeg dheweke ngudhal kedadeyan sing wis kliwat. Sawise ngrampungake omongan, bocah mau banjur nggebla metu.

“Not! Noto!”

Bantera kaya ngapa, ngendikane Pak Rohmad ora bakal klebu mring kupinge.Sibu mung bisa nangis ngempet omongan.

“Bajingan, stres aku. Bengi iki kudune ngombe nganti mendem. Dak entekke dhuwit patangatus iki. Nggo apa kerja ra dinikmati,” Grenenge ing galih.

Rasa peteng isih ngridhu satengahing kaluwarga. Ora ana labet apik sing bisa ngrengga batine Pak Rohmad lan ibu. Bocah lanang siji sing digadhang-gadhang, saiki malah mbalela, mbantahi.

“Pak, pak. Bocah kok kaya ngono. Tenangna atimu, Pak!”

“Wis, ndonga wae bu. Ben dina-dina kaya ngene bisa cepet kliwat.”

“Wis, Pak. Nek ngerti kaya ngene, ora usah nduwe anak lanang lah.”

“Hus, aja ngomong kaya ngono.”

Sambat sabdane sibu kaya-kaya didhungokake karo Sang Jagad Nata. Sabalike Noto saka mendem, saking dhuwure dheweke ora duwe pangati-ati maneh. Arep nyabrang dalan, ora ngerteni yen ana bis malam sing mlayu banter banget. Lampu abang diterak karo bocah mendem iki. Sopir bis mau gendandapan ngengkolke setir. Bis ditekuk nengen. Nanging jeneng sabda dadi, awak bis nyermpet dhadhane Noto. Sanalika ilang nyawa saka ragane.

Mak dheg… “Pak, batinku kok krasa ora kepenak.”

“Wayahe turu, ndang turu,” Saura bapakne karo semu ngantuk.

Dhok…dhok…dhok… kulanuwun…. Ana swara ndhodog lawang sinambi uluk salam.

“Pak, sapa ika?” Sibu nyoba nggugah Bapakne.

“Paling ya Noto njaluk dibukakke lawang.”

“Ora kok pak, saka swaran katone wong loro, Pak?”

“Kowe ki pancen. Ngganggu wong turu wae. Kene, tak bukake.”

Dingeti saka jendhela katon wong lanang sing jlegere gedhe dhuwur, rambut cepak memper polisi. Gasik Pak Rahmad mbukakke lawang ngarep.

“Selamat malam pak. Leres daleme Pak Rahmad. Mohon tenang, ajeng ngaturaken pawartos. Putra penjenengan ingkang nami Masnoto sapunika wonten rumahsakit.”

“Astaghfirullah hal azzim, Nang…nang. Ngapa meneh kowe.”

“Mangga, ikut dengan kami.”

Sibu digugah lan diwenehi ngerti. Pecah tangise wong wadon setengah umur mau. Gasik-gasik, dheweke nuju rumahsakit. Mituhu saka katrangane dhokter, anak lanange wis kapundhut sadurunge tekan rumahsakit.

Saya pecah tangise wong loro mau. Kabar mau cepet tekan mring calone sing wis kadi bojone dhewe mau.

“Mas Noto… kowe kok tega banget karo aku. Tega ninggalke aku Mas Noto…”

sawise bengi iku. Krasa sepi kahanan omahe Pak Rohmad. Ora ana maneh sing gawe jengkele wong tuwa loro mau.

“Pakne. Iki piye pak, Sari jebule wis meteng patang sasi.”

“Wis mengko awake dhewe sing tanggungjawab.”

“Nanging Janine sidane gugur pak. Wong saiki Sari dadi edan. Nek ngomonge wong, ya kerana dolanan pengasihan.”

“Wis, ra sah ngana-ana barang sing ora ana.”

0 komentar: